KABAR PENTING!!!! Kumpulan IKB wulan Januari 2015 dianakena bareng KARBUL, di Taman Film BALTOS,Ahad 11 Januari 2015 Jam 13.00

Minggu, 15 April 2012

PUNCLUT DAGO, 15 APRIL 2012

Dina minggu awan, tanggal 15 april 2012 wingi, wong-wong Bulupayung sing padha meranto maring Bandung padha ngumpul nang Saung Punclut Sawargi Dago. Acarane yakuwe pertemuan ruitn unggal wulan IKB Bandung, yakuwe Silaturahmi, Arisan, Koperasi Simpan Pinjam, Tabungan, Geserpa, lan lya-liyane. Acara dina kiye dimolai jam 11 awan, bubar jam loro awan.
Alhamdulillah dina minggu awan kiya pas ora udan, wong-wong siang padha arepe teka padha bisa sante tur ora ngedhap. Acara jan lancar, rame pisan turan kabeh sing padha teka, seneng banget.
Biasa, acarane dimolai sambutan sekang ketua IKB Bandung Mas Budianto, isine sambutan antara liya ya masalah kepengurusan IKB sing anyar sing intine nerusna kepengurusan sing wis mlaku, terus ngomongena masalah tujuane nganakna pertemuan kiye yakuwe ngiras ngirus refresing lah. Rencanane anggere bisa, acara kaya kiye paling ora dianakena setaun sepisan... Mas Budi uga ora kelalen ngomongena masalah kunjungan kondangan maring Jakarta, jere sing mangkat anan wong rongpuluhan, mangkate numpak bis sing disewa. 
Sambutan teruse, yakuwe laporan kondisi keuangan koperasi, terus dilanjutkan karo pengocokan arisan, sing olih arisan pak Hasyim, dadi arisan wulan ngarep dianakena nag daleme pak Hasyim Bojongkacor Cikutra, tanggal 13 Mei 2012.
Sewise acara arisan beres, dilanjut karo madhan sega abang karo ayam bakar, gorengan tempe, gorengan tahu, sambel, lalapan, bakaran pete.... Huh jan ngguhim pisan. sedawane mangan diambi padha crita ngalor ngidul, tukar kabar kabur, kabar sekang ndesa lan liya-liyane.
Jam 2 awan acarane dirampungi, kabeh padha seneng, panganan-panganan sing esih ana, padha diwadahih, eman-eman, kena nggo ananke apa putune sing padha ora melu, anan sing madhaih sambel, ana sing madhaih lalapane, ana sing madhaih roti, pacitan lan liya-liyane.  
Lha dalan baline sekang Saung Punclut kiye, bisa arah munggah mengko jebole nang pasar Lembang, Utawane mudhun maning, anggere sing lurus mudhun mengkone jebole lewat Punclut Cimbeluit, lha anggere sing mudhun terus menggok ngiwe, mengko jebole stamplat Dago.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar