KABAR PENTING!!!! Kumpulan IKB wulan Januari 2015 dianakena bareng KARBUL, di Taman Film BALTOS,Ahad 11 Januari 2015 Jam 13.00

Minggu, 15 April 2012

PUNCLUT DAGO, 15 APRIL 2012

Dina minggu awan, tanggal 15 april 2012 wingi, wong-wong Bulupayung sing padha meranto maring Bandung padha ngumpul nang Saung Punclut Sawargi Dago. Acarane yakuwe pertemuan ruitn unggal wulan IKB Bandung, yakuwe Silaturahmi, Arisan, Koperasi Simpan Pinjam, Tabungan, Geserpa, lan lya-liyane. Acara dina kiye dimolai jam 11 awan, bubar jam loro awan.

Minggu, 08 April 2012

GEMBRONGAN IKB BANDUNG 15 APRIL NANG PUNCLUT DAGO

IKB Bandung arep nganakena rubungan kanggo wulan april kiye nang Warung Punclut Sawargi ( Bu Eutik & Pa Dodo) Dago, dina Minggu  tanggal 15 April 2012, molaih jam seleas awan nganti jam 3 sore.
Enggon rubungan kiye bisa diparani sekang Simpang Dago meng nduwur nganti stanplat Dago, terus menggok ngiwe. Lha sekang kene, terus baen munggah nganti ketemu dalan sing sekang Punclut, terus menggok nganan maring arah Lembang, ya sekitar sekiloan lah. Lha Warunge kuwe ana nang sebelah kanan dalan. Enggone kiye bisa bae metu sekang nduwur ( Pasar Lembang) terus mudhun arah Punclut, ya sekitar limang kiloan sekang Pasar Lembange. Warunge kiye jan pemandangan maen pisan, lha wong nggone baen nang jegir, bisa ndeleng pemandangan arah Bandung. Wis pokoke enggone maen lah, rugi anggere ora melu.